KEDUWUNG
Tresna iku bisa nyebabake pawongan lali sakabehe. Dhek jaman semana aku lagi mlebu SMP, banjur aku cedhak karo bocah lanang. Kabeh kuwi mau mlaku kaya miline banyu lan wusanane aku sesandhingan karo dheweke. Nalika aku sesandhingan karo dheweke, aku ora njawa apa kuwi tresna ?. Lan piye carane mbuktekake katresnanku marang dheweke?. Sing penting pikirku nduweni dheweke.
Ing sawijining dina, aku ditinggalne dening dheweke. Pikirku kuwi biasa wae aku ora ngrasa kelangan dheweke. Nanging bebarengan karo mlakune wektu saya suwe aku lagi krasa ana sing kurang ing uripku. Aku ngrasa kelangan pawongan sing sabendinane ngisi uripku. Aku lara ati,ora ana pawongan sing bisa ngerteni nyapo rasa iki teka sanalika.
Aku sadhar yen urip iku nyata enenge lan terus mlakune. Menawa aku mandheg urip iki bakalan tetep mlaku ninggalne aku. Kaya dheweke sing tau nyidrani atiku. Banjur aku mbatin "Apa satenane tresna yen mung arep nglarani". Menawa wektu bisa dakputer maneh, aku kepengen mbuktekake kabeh katresnanku marang dheweke.
Saben dina aku mikirake apa kang wis dakalami nganti netra iki ora bisa diremake. Pancene dheweke wis ora predhuli karo aku iki. Dina-dina sing daklakoni saiki rasane peteng ndhedhet kaya ing ndonyo iki ora ana sorote srengenge.
Dening Intan Yuniati
Tidak ada komentar:
Posting Komentar